Tampilkan postingan dengan label Yulie Nuk'e. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Yulie Nuk'e. Tampilkan semua postingan

Sabtu, 16 November 2013

Yulie Nuk'e - Tugu Banjarsari

Yulie Nuk'e - Tugu Banjarsari


Gumelar ijo sukete, elok tugune
Banjarsari nyimpen kenangan ning ati
Ning kono tok ukir, gambar roso kang sejati
Koyo lagi wingi, wisih tembung katresnanmu

Njur kelingan rikolo semono ngikrarke janji
Sumpah setyo tresno, ora bakal cidro
Tugu Banjarsari saksi bisu lan prasasti
Tetenger sing ora biso lali

Tugu Banjarsari, kutho Solo sing dadi kenangan
Atiku atimu siji, ra pisah sak lawase
Tugu Bansarsari, kutho Solo sing dadi pepeling
Tresnaku tresnamu nunggal, nganti tekaning pati

Tulus sing tak suwunke
Marang gusti kang moho suci
Paring sing katresnan

Reff:
Njur kelingan rikolo semono ngikrarke janji
Sumpah setyo tresno, ora bakal cidro
Tugu Banjarsari saksi bisu lan prasasti
Tetenger sing ora biso lali

Tugu Banjarsari, kutho Solo sing dadi kenangan
Atiku atimu siji, ra pisah sak lawase
Tugu Banjarsari kutho Solo sing dadi pepeling
Tresnaku tresnamu nunggal, nganti tekaning pati

Tulus sing tak suwunke
Marang gusti kang moho suci
Paring sih katresnan

Tugu Banjarsari kutho Solo sing dadi kenangan
Atiku atimu siji, ra pisah sak lawase
Tugu Banjarsari kutho Solo sing dadi pepeling
Tresnaku tresnamu nunggal, nganti tekaning pati

Tulus sing tak suwunke
Marang gusti kang moho suci
Paring sih katresanan

Yulie Nuk'e - TKW

Yulie Nuk'e TKW


Wis suwe nggonku lungo
Ninggalke priyo sisihanku
Kanggo golek sarono bebrayan
Wis mesti aku enggal bali
Kanggo ngobati roso kangen iki

Nggesingno njero pikiranmu
Ayemno njero ning batinmu
Aku ning kene tansah setyo
Wis mesti aku enggal bali
Kanggo ngobati, roso kangen iki

Baliyo, muliyo isi njero layangmu
Wis suwe nggonmu nunggu tekokku
Baliyo muliyo isi njero layangmu
Wis suwe nggonmu nunggu, tekoku

Wis suwe nggonku lungo
Ninggalke priyo sisihanku
Kanggo golek srono bebrayan
Wis mesti aku enggal bali
Kanggo ngobati roso kangen iki

Baliyo muliyo isi njero layangmu
Wis suwe nggonmu nunggu tekokku
Baliyo muliyo isi njero layangmu
Wis suwe nggonmu nunggu tekokku

Yulie Nuk'e - Pangrintihing Ati

Yulie Nuk'e - Pangrintihing Ati


Naliko aku moco, isine layangmu
Sak detik roso mandheg jantungku
Peteng pikir iki, netes eluh ning pipi
Ra ngiro kowe tego, pupus katresnanku iki

Pangrintihing atiku, kepingin ketemu
Kanggi ngudhari ruweting laku
Panas kang sumeleh, ing sanubariku
Surasamu, aku mburu bondomu

Reff:
Aku ini wa nito
Sing ora tau ngegungke karo kabeh bondho ing dunyo
Aku iki wa nito
Mung siji sing tak karepake katresnane soko priyo
Ojo kabeh wanito, ojo dianggep podo

Pagrintihing atiku kepingin ketemu
Kanggo ngudhari ruweting laku
Panas kang sumeleh ing sanubariku
Surasanmu aku mburu bondomu

Aku iki wa nito
Sing ora tau ngegungke karo kabeh bondho ing dunyo
Aku iki wa nito
Mung siji sing tak krepake katresnane soko priyo
Ojo kabeh wanito ojo dianggep podo

Yulie Nuk'e Feat Paijo Londo - Kasmaran

Yulie Nuk'e Feat Paijo Londo - Kasmaran


Medar purnoning roso
Sirno sumelange batin yen eling esemu
Kowe kembang melati
Puspo sing tak tresnani rino wengi tak impi

Sawangen langit bengi
Mbulan nanggal siji
Kowe nglangut njero ati
Tak jaluk kowe sranti
Aku mesti bali nggowo kangen ngundhuh janji

Kangen sing tak rasakke
Koyo sewu taun suwene nggonku ngenteni
Kanggoku mung sedelo, lungamu ning monco
Ngantio tekano mongso

Katon chayamu
Sak lebat sumilir gondho wangi katresnanmu
Koyo wisih swaramu
Yen bingung pundhakku nyoto nyawang pasuryanmu

Kasmaran, anggon nomo pucuking mego
Gumeglar padang ing langit batinku
Sumunar cahyaning lintang lintang ing ati
Kumandang endah tembang sing tak roso

Kangen sing tak rasakke
Koyo sewu taun suwene nggonku ngenteni
Kanggoku mung sedelo, lunga ning monco
Ngantio tekano mongso

Katon cahyamu
Sak klebat sumilir gondho wangi katresnanmu
Koyo wisih swaramu
Yen bingung pundhakku nyoto nyawang pasuryanmu

Kasmaran, anggon nomo pucukin mego
Gumeglar padang ing langit batinku
Sumunar cahyaning lintang lintang ing ati
Kumandang endah tembang sing tak roso

Kasmaran, anggon nomo pucuking mego
Gumelar padang ing langit batinku
Sumunar cahyaning lintang lintang ing ati
Kumandang endah tembang sing tak roso

Anget Anget Susu

Yulie Nuk'e Feat Paijo Londo - Anget Anget Susu


Dik adik, ndang cepet dik
Ora kanti anggine aku ngenteni
Soyo wengi howone soyo adhem
Sing tak jaluk anget-angetan wae

Mas mas, niki lho mas
Pesenane wedang anget susu jahe
Mas mas, nanging ampun ngoten mas
Aku isin yen terus dipandeng wae

Anget anget susu, gulone gulo batu
Angete atiku, yen wis nyanding sliramu
Anget anget jahe, diombe sore sore
Anget dadi anget, yen wis nyanding slirane

Tuku gethuk mas, ono kutho solo
Yen pancen mathuk ayo ngomong wong tuwo
Wedi wedi wedi wedi wedi

Mas mas, niki lho mas
Pesenane wedang anget susu jahe
Mas mas, nanging ampun ngoten mas
Aku isin yen terus dipandeng wae

Anget anget susu, gulone gulo batu
Angete atiku, yen wis nyandang sliramu
Anget anget jahe diombe sore sore
Anget dadi anget, yen wis nyanding slirane

Tuku gethuk mas, ono kutho solo
Yen pancen mathuk ayo ngomong wong tuwo

Ngombe jamu dik, tombone gelali
Yen mung nembung wong tuwamu ora wedi
Wedi wedi wedi wedi wedi

Anget anget susu gulone gulo batu
Angete atiku, yen wis nyanding sliramu
Anget anget jahe diombe sore sore
Anget dadi anget yen wis nyanding slirane

Tuku gethuk mas, ono kutho solo
Yen pancen mathuk ayo ngomong wong tuwo

Ngombe jamu dik, tombone gelali
Yen mung nembung wong tuwamu ora wedi
Wedi wedi wedi wedi wedi